Senin, 31 Januari 2011

Cangkriman Jawa


1.     Cangkriman Wancah
1.       Pak Boletus                : tepak kebo lelene satus
2.       Burnas Kopen            : Bubur Panas Kokopen
3.       Pindhang Kileng          : Sapi Nang Kandhang, Khaki mentheleng
4.       Pak Lawa                   : Tepak Ula Dawa


2.       Cangkriman Pepindhan

1.       Pitik Walik Saba Kebon (Nanas)
2.       Sega sakepel dirubung tinggi (Salak)
3.       Ora Mudhun-mudhun yen Ora nggwa mrica sekantong (kates)
4.       Pitik Walik Saba Meja (Sulak, kemucing)
5.       Emboke Dielus-elus anake diidak-idak (Andha)
6.       Ing Dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (Undhuh kambil)
7.       Yen Ibune siji anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak (salak)

3.       Cangkriman Wujud Tembang
Contone :
Pucung
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha (sepur)
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Palembang
Ngon ingone sang Bupati
Yen lumampah si Pucung lembahan grana (gajar)



1 komentar:

  1. les-mba-dhonge-karwa-pete=
    manuk biru=
    tuwok rawan=
    wit thoyung=
    gerbong tulis=
    buta buri=
    opo artine cangkriman nenx dwur ixu?

    BalasHapus